Ladosan PAM Parangtritis Kedah Dipun Indhakakaken

Admin | Jumat, 08 Januari 2016 19:55

Bantul, www.jogjatv.tv Sinaosa pengamanan libur natal lan warsa enggal, lumampah rancag nanging sistem lan pola pengamanan Pesisir Parangtritis kedah dipun evaluasi. Samangke Direktorat Polisi Perairan Polda DIY lan Sarlinmas Pesisir Parangtritis, nedheng nindakaken evaluasi kangge nemtokaken pola pengamanan pesisir ingkang trep.

Sinaosa patembayatan antawisipun Direktorat Polair Polda DIY lan relawan Sarlinmas Parangtritis saya supeket nanging kedah dipun indhakaken. Kekalih pehak kedah sareng-sareng nindakaken evaluasi bab lampah pakaryan. Miturut Direktur Polair Polda DIY, Kombes Pol Endang Karnadi, sistem pengamanan ing pesisir kidul diy, dede bab ingkang enteng. Pola pengamanan kawawas sae, ewa semanten kedah dipun indhakaken malih. Petugas jaga kedah tanggap dhateng kawontenan lan ngengetaken wisatawan menawi wonten bab ingkang bebayani

Ing tembe Polair lan Sarlinmas parangritis, badhe uji coba ngginakaken papan selancar kangge pengamanan lan milujengalaken korban ing Pesisir Parangtrutis sarta pesisir sanesipun. Menawi pancen trep pramila surfing badhe dipun tanjakaken salebeting sistem pengamanan ing pesisir kidul. (Anang Zainuddin)

Artikel Terkait