TNI Biyantu Petani Nyemprot Ama

Admin | Jumat, 08 Januari 2016 19:59

Klaten, www.jogjatv.tv Dinten Jemuwah (8/1) enjing, welasan warganing Kodim 0723 Klaten sarta dinas ingkang kawogan, biyantu sanak kadang nyemprot sabin ing tlatah Desa Malangjiwan , Kebonarum , Klaten Jawa Tengah kangge mbrastha ama penggerek batang lan wereng. Miturut Danramil 06 Kebonarum, Kapten Infanteri Rudolf Wewra sampun dados tanggel jawab TNI , kangge ngenteng-entengi sesanggan mayarakat , kalebet sanak kadang tani.,

Miturut salah satunggaling petani , Pardiyo , tigang minggu pungkasan taneman pantun gadhahanipun katerak ama penggerek batang satemah ronipun semu abrit lan garing kepara kathah ingkang pejah. Sinaosa sampun ngrekadaya ngawekani paneraking ama nanging paneraking ama dereng mendha.

 

Wondene miturut Camat Kebonarum , Djoko Purwanto, 10 hektar pasabinan ing Desa Malangjiwan katerak ama kepara 3 hektar ing antawisipun sampun ngrebda. Awit saking punika, penyemprotan masal badhe grengeng dipun lampahi supados kadang tani boten nemahi gagal panen.

 

(Haryadi)

Artikel Terkait

Taneman Lombok Katerak Virus

08 Januari 2016 19:58

Regi Lombok Lan Tomat Mindhak

08 Januari 2016 19:57

Nulad Keislaman Pangeran Diponegoro

08 Januari 2016 19:55