Festival Hujan 2016

Admin | Senin, 11 Januari 2016 19:53

Sukoharjo, www.jogjatv.tv Jawah dados berkah tumrap alam jagad raya. Awit saking punika, mangsa rendheng kedah dipun pahargya minangka wujud raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Hakarya Jagad. Miturut kapitadosan warga Sukoharjo lan sakiwa tengenipun, wulan Januari mujudaken pucaking mangsa rendheng pramila warga ing wewengkon kasebat nggelar Festival Hujan.

Mugi Dance Community ngadani pagelaran seni kangge ngregengaken lampahing Festival Hujan Internasioanal 2016 , tanggal 9 ngantos 10 Januari , wiwit jam 15.00-23.00 WIB, mapan ing Mugi Dance Studio , Krapyak, RT.1 RW. 7 Pucangan , Kartasura . Sanggar gadhahanipun seniman tari Mugiyono Kasido kasebat, dados papan nedahaken daya kreasi seniman saking Indonesia lan ngamanca dene ancasipun kangge ngajak masyarakat supados nresnani jawah ingkang mujudaken berkah saking angkasa.

 

Mugiyono sengaja nggelar festival dhateng karang padhusunan, kangge nglipur masyarakat, ingkang ngantos samangke warga awis-awis ningali pagelaran seni sarta kangge ngajak seniman nyawiji kaliyan alam , boten namung mligi ngadani pagelaran dhateng panggung kemawon.

Festival Hujan samangke dipun sengkuyung 30 paguyuban seniman saking 12 provinsi ing Indonesia sarta seniman ngamanca saking Inggris lan Filipina.

 

(Heru Kristiyanto)

Artikel Terkait

Candi Gedong Songo

11 Januari 2016 19:53

TNI Biyantu Petani Nyemprot Ama

08 Januari 2016 19:59

Taneman Lombok Katerak Virus

08 Januari 2016 19:58

Regi Lombok Lan Tomat Mindhak

08 Januari 2016 19:57