Organda Badhe Ngandhapaken Tarif 3 Persen

Admin | Senin, 11 Januari 2016 19:56

Sleman, www.jogjatv.tv Wiwit regi BBM dipun andhapaken, tanggal 5 Januari kapengker, ngantos samangke, sawetawis awak angkutan umum ing Sleman dereng ngandhapaken tarif penumpang.

Tarif angkutan pedesan jurusan Jogja-Prambanan Rp 8.000,00 lan tarif kangge pelajar Rp.3000,00 dene TARIF angkudes jurusan Jogja -Kaliurang, Rp 12.500,00.

Pawadan awak angkutan umum ingkang ngantos samangke dereng ngandhapaken tarif jalaran regi suku cadang kendaraan awis, kamangka penumpang angkutan umum sepen, menawi tarif dipun andhapaken pramila pamedal ingkang dipun tampi boten imbang kaliyan wragat operasional.

 

Wondene miturut ketua Organda Sleman, Juriyanto Hadi Wiyanto, Organda badhe tumuli ngandhapaken tarif angkutan umum 3 persen menawi sampun wonten pranatan saking Dinas Perhubungan DIY.

 

Miturut Organda Sleman , mindhak lan mandhapipun regi BBM saking pamarentah njalari Organda kangelan nemtokaken tarif.

 

(Subardi)

Artikel Terkait

Festival Hujan 2016

11 Januari 2016 19:53

Candi Gedong Songo

11 Januari 2016 19:53

TNI Biyantu Petani Nyemprot Ama

08 Januari 2016 19:59