Pengetan Hari Bumi

Admin | Jumat, 22 April 2016 18:48

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Hari Bumi Sedunia dipun pengeti tanggal 22 April.Ancasipun kangge njurung lan nuwuhaken kawigatosan manungsa dhateng planet papanipun ing bumi. Kesadaran njagi lestarining wewengkon prayogi dipun tepangaken wiwit lare taksih alit kanthi ajeg. SD Negeri 1 Ungaran,Kotabaru,Gondomanan,Yogyakarta,mengeti Hari Bumi sesarengan kaliyan pengetan Hari Kartini kangge nulad semangat kepahlawanan Kartini ingkang nresnani bumi utawi wewengkonipun. Salebeting kalodhangan kasebat dipun gelar maneka kridha, antawisipun kirab busana barang bekas, lomba cipta karya barang bekas, lomba damel miniatur bumi, pameran seni berbasis lingkungan sarta lomba masak bahan baku pala kapendhem.

 

Pengetan Hari Bumi boten uwal saking kesadaran sosial lumantar informasi ingkang jangkep bab pelestarian lingkungan tumrap lare. Kajawi punika ewah-ewahan iklim bumi utawi pemanasan global boten saged dipun kendhaleni. Awit saking punika manungsa kedah nglarasaken kaliyan kawontenan kasebat, antawisipun kanthi njagi lestarining wewengkon. (Purwanto)

Artikel Terkait