Kirab Budaya Merti Dhusun Jodog

Admin | Jumat, 22 April 2016 18:47

Bantul, www.jogjatv.tv Minangka wujud pratelan raos syukur awit sih nugraha Gusti ingkang hakarya jagat, Warga Dhusun Jodog, Gilangharjo Pandak Bantul, nggelar upacara merti dhusun, kanthi dipun regengaken kirab budaya, dinten Kemis (22/4) sonten.

Kanthi ngangge busana adat jawa, atusan warga tumut kirab budaya rerangkening upacara merti dhusun, ingkang dipun gelar kalih taun sepisan. Kirab bidhal saking pelataran griya Dukuh Jodog mubeng dhusun.

Miturut Dhukuh Jodog, Budi, upacara merti dhusun dipun tindakaken kanthi turun temurun, kanthi ngadani kenduri majemukan lan ringgitan dene upacara merti dhusun samangke ugi dipun regengaken kirab budaya, ngarak gunungan saking 6 RT. Elokipun, 2 gunungan ing antawisipun inggih gunungan pantun, pralambang pakaryan baku Warga Jodog ngkang racakipun petani lan kawentar minangka teleng prodhusen pantun ing Kecamatan Pandak. (Anang Zainuddin)

Artikel Terkait