Kartini Award Perempuan Pekerja Keras

Admin | Jumat, 22 April 2016 18:46

Klaten, www.jogjatv.tv Maneka kridha dipun gelar kangge mengeti Hari Kartini. Salebeting pengetan Hari Kartini samangke, SMKN 1 Pedan, suka pangalembana tumrap perempuan pekerja keras inggih punika Suratmi.

Suratmi inggih warga Pedan, Klaten, Jawa Tengah ingkang sampun 5 taun makarya minangka juru parkir dhateng pelataran salah satunggaling bank swasta. Pakaryan ingkang limrahipun dipun ayahi para priya wau dipun ayahi dening ibu peputra setunggal kasebat kangge biyantu semahipun, nyekapi kabetahan padintenan. Gregetipun ingkang makantar pikantuk tandha pangalembana Kartini Award saking guru lan pelajar SMK N 1 Pedan supados saged dipun tulad dening para siswa ingkang racakipun wanita.

 

Kejawi masrahaken Kartini Award, salebeting pengetan Hari Kartini samangke, siswa ugi suka sekar dhateng wanita ingkang pinuju langkung. (Haryadi)

 

Artikel Terkait