Kalenan Buntet, Los Peken Jenes

Admin | Jumat, 22 April 2016 18:46

Purworejo, www.jogjatv.tv Kawontenan peken krendetan ing kecamatan purwodadi purworejo jawatengah, ingkang nembe kemawon rampung dipun bangun, tetela dereng murwat. Nalika jawah, toya dhateng kalenan boten mili satemah los kembeng toya lan jenes. Sanak kadang bakul ingklang losipun kembengan toya, kedah masang banon supados saged ndhasaraken daganganipun. Kadang bakul ngajab supados kalenan ingkang buntet tumuli dipun dandosi amrih para bakul lan konsumen sami dene sekeca.

(Pambudi Nugraha)

Artikel Terkait