Pemkab Nyemak Regi Sembako

Admin | Rabu, 13 April 2016 19:54

Sleman, www.jogjatv.tv Sinaosa wiwit tanggal satunggal April, regi Bahan Bakar Minyak (BBM), bensin lan solar mandhap Rp 500,00 saben liter nanging ngantos samangke regi sawetawis kabetahan baku dhateng peken tradisional tlatah Sleman taksih popog awis. Awit saking punika,sawetawis pejabat dinas Pemkab Sleman, nyemak regi lan pasudiyan sembako dhateng sawetawis peken tradisional ing Sleman, dinten Rebo (13/4) siyang. Kejawi kangge nyemak kawontenan regi kabetahan baku, sasampunipun regi BBM dipun andhapaken ugi kangge nyemak pasudiyan bahan pangan ing Sleman dungkap Wulan Ruwah. Saking panyemaking regi ing Peken Tradisional Tempel lan Peken Tradisional Pakem, regi kabetahan baku ingkang mandhap namung uwos. Sakawit Rp 8.200,00 samangke mandhap dados Rp 8.000,00 saben kilo dene regi daging ppopog. Daging lembu reginipun Rp.110.000,00 ngantos Rp.120.000,00 saben kilo dene regi daging ayam Rp.26.000,00 saben kilo. Kosok wangsulipun samangke regi bumbon kepara mindhak. Regi brambang ingkang sakawit Rp.30.000,00 mindhak dados

Rp 32. 000,00 saben kilo, dene regi bawang ingkang sakawit Rp.35.000,00 mindhak dados Rp.40.000,00 saben kilo dene regi sayuran antawisipun wortel, kobis, tomat lan sawi, racak mindhak Rp.1000,00 saben kilo. Miturut Kabag Perekonomian Pemkab Sleman, Ambarwati, mindhak lan mandhapipun regi sembako samangke, dede awit pangaribawa mandhapipun regi BBM nanging jalaran pasokanipun ingkang winates.

Ambarwati mratelakaken, kangge nggumathokaken regi lan pasudiyan kabetahan baku ing Sleman, saben wulan pehakipun tansah nyemak kawontenan regi lan pasudiyan barang supados menawi sawanci-wanci wonten barang ingkang langka, saged tumuli dipun awekani. (Subardi)

Artikel Terkait

Kepyakan Kampung KB

13 April 2016 19:51

BUMDes Pengelolaan Sampah

13 April 2016 19:51

Aksi Bersih Kali

13 April 2016 19:49