Kepyakan Kampung KB

Admin | Rabu, 13 April 2016 19:51

Klaten,www.jogjatv.tv Dinten Rebo (13/4) siyang, Bupati Klaten, Sri Hartini, Ngepyakaken Kampung KB, ing Desa Kanoman, Kecamatan Karangnongko, Klaten, Jawa tengah. Kepayakan Kampung KB,sineksen petugas BKKBN Provinsi Jawa Tengah sarta Muspida,Muspika lan kader KB Kabupaten Klaten. Kepyakan Kampung KB samangke,inggih ingkang kaping 24 sa Provinsi Jawa Tengah. Miturut sekretaris BKKBN Provinsi Jawa Tengah, Erna Sulistyowati, wonten maneka kriteria Kampung KB, inggih punika, desa kasebat taksih mbetahaken kawigatosan sedaya pehak, antawisipun daerah miskin utawi mencil. Setaun ngajeng, BkKBN badhe nyemak malih pangrembakaning desa sasampunipun dipun kukuhaken minangka Kampung KB, inggih babagan tingkat ekonomi warga, tingkat kesertaan ber-KB sarta pangrembakaning lare. Kampung KB kasebat kaangkah suka pisumbang ageng tumrap ewah-ewahan gunggung penduduk sarta persebaran penduduk ingkang imbang laras kaliyan daya dukung sarta daya tampung lingkungan hidup.

Erna ugi mratelakaken, tantangan lan perkawis program KB ing Jawa Tengah samangke sakelangkung awrat awit gunggung penduduk ing Jawa Tengah nomer 3 sa Indonesia sasampunipun Jawa Barat lan Jawa Timur dene miturut Kepala Desa Kanoman,Trimo Wiyono, samangke 74 persen warganipun sampun tumut KB angkahipun kanthi wontenipun pendampingan lan pikukuhan Kampung KB, cacahing pasarta KB mindhak 80 persen.

Saderengipun,. BBKBN Jawa Tengah sampun ngepyakaken Kampung KB dhateng sawetawis kitha ing Jawa Tengah antawisipun Kabupaten Cilacap,Wonosobo,Pekalongan,Sukoharjo,,Boyolali,Semarang,Blora,Pati,

Demak,Kota Semarang lan Salatiga. Angkahipun sedaya kabupaten lan kota, ing Jawa Tengah, taun punika sampun dipun kukuhaken dados Kampung KB. (Haryadi)

Artikel Terkait

BUMDes Pengelolaan Sampah

13 April 2016 19:51

Aksi Bersih Kali

13 April 2016 19:49