BUMDes Pengelolaan Sampah

Admin | Rabu, 13 April 2016 19:51

Sleman, www.jogjatv.tv Kangge mujudi wewengkon ingkang resik saking tumpukan uwuh, Pemerintah Desa Triharjo, Kecamatan Sleman, Kabupaten Sleman, ndhapuk Badan Usaha Milik Desa (BUMDes) kangge ngocal uwuh dados rabuk organik. Awit bebatheni lan kathah pigunanipun, pramila usaha kasebat badhe dipun rembakaken malih.

Lampah ngocal uwuh dados rabuk organik BUMDes Desa Triharjo dipun tindakaken dening Kelompok Pengelolaan Sampah Mandiri,(KPSM) Atras ing Padhukuhan Temulawak. Miturut Manager KPSM Atras, Sigit Purwanto, uwuh ingkang dipun ocal kangge rabuk, kaimpun saking warga sedaya padukuhan sa Desa Triharjo. Ing wanci tartamtu uwuh dipun pendhet dening petugas lajeng dipun bekta dhateng depo pengelolaan sampah. Uwuh kasebat lajeng dipun pilah.Uwuh logam lan plastik dipun sade, dene uwuh ingkang saged bosok, dipun giling kangge damel rabuk organik. Rabuk produksi KPSM lajeng dipun sade dhateng warganing kelompok tani sa Desa Triharjo.

Miturut Kades Triharjo, Irawan, pengelolaan sampah ing Desa Triharjo sakelangkung murakabi awit ndayani sedaya padukuhan ing Desa Triharjo resik lan sehat. Awit saking punika, taun samangke, BUMDes Triharjo badhe mbangun satunggal unit tempat pengelolaan sampah malih, dhateng Padukuhan Sucen. (Subardi)

 

Artikel Terkait

Aksi Bersih Kali

13 April 2016 19:49

Perbaikan Jalan Tanpa Lelang

13 April 2016 19:47