Mojosongo Majeng Lomba Phbs Nasional

Admin | Rabu, 13 April 2016 19:52

Solo, www.jogjatv.tv Kalurahan Mojosongo, Jebres, Solo, wenang majeng makili Provinsi Jawa Tengah, salebeting Lomba Perilaku Hidup Bersih dan Sehat (PHBS) tataran nasional, sasampunipun unggul ing tataran provinsi. Tim pambiji saking kementrian kesehatan, BKKBN lan tim PKK tataran provinsi, netepaken Mojosongo sasab sasampunipun dipun biji adhedhasar 16 indikator, antawisipun bab toya resik, jamban sehat lan pemenuhan makanan gizi seimbang. Miturut Ketua tim pambiji, Susilowati Subekti, Kalurahan Mojosongo gadhah maneka kridha inovatif, ing antawisipun Gerakan Masyarakat Sadar Memberantas Sarang Nyamuk (Masdar Bersayak), nanem taneman kanthi cara organik dhateng saben griyanipun warga lan gerakan bebas asap rokok. Kejawi punika , warga Mojosongo ugi gadhah sawetawis industri rumah tangga lan sekolah ingkang sampun dados conto sekolah adiwiyata lan PHBS.

Walikota Solo, FX Hadi Rudyatmo nelakaken pitados saged pikantuk biji sae salebeting ajang Lomba PHBS tataran nasional taun 2016. Bab kasebat awit masyakarat Kalurahan Mojosongo sampun gadhah kesadaran kangge Perilaku Hidup Bersih dan Sehat, wiwit saking lare ngantos tiyang sepuh. (Heru Kristyanto)

 

Artikel Terkait

Kepyakan Kampung KB

13 April 2016 19:51

BUMDes Pengelolaan Sampah

13 April 2016 19:51

Aksi Bersih Kali

13 April 2016 19:49