Merti Desa Pamriyan

Admin | Kamis, 19 November 2015 20:31

Purworejo, www.jogjatv.tv Minangka wujud raos syukur awit lubering berkah saking Gusti, Warga Desa Pamrihan Kecamatan Pituruh ,Purworejo ,Jawa Tengah, dinten Rebo (18/11) sonten nggelar merti desa, jinangkepan maneka ubarampe ingkang tinata salebeting seket sekawan ancak. Upacara merti desa dipun gelar dhateng dalemipun Kades Pamriyan kanthi tayuban.

Sasampunipun monjukaken donga sesarengan, maneka ubarampe salebeting ancak kasebat nuli dipun pantha -pantha lan dipun dumaken dhateng sedaya tamu kanthi waradin. Miturut Kades Pamriyann, Budi Susilo , upacara merti desa punika dipun gelar sadanguning tigang dinten kanthi jinangkepan ubarampe wujud ingkung ayam gunggung langkung saking 3.400 ingkung, pisungsung warga Desa Pamriyan piyambak.

Kejawi warga desa, warga tangga desa saking 4 desa sakiwa tengen Desa Pamriyan ugi kaaturan rawuh ngestrani upacara merti.

( Pambudi Nugraha )

Artikel Terkait