Kerajinan Limbah Kertas Koran

Admin | Kamis, 19 November 2015 20:29

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Limbah kertas koran tetela saged dipun tanjakaken kangge bahan maneka kerajinan. Kerajinan limbah koran kasebat dipun pameraken dhateng stand Gelar Potensi Wirausaha Muda ing plataran Taman Pintar Kota Yogyakarta wiwit tanggal 19 ngantos 21 November benjing .

Limbah kertas kasebat dipun tanjakaken kangge damel maneka kerajinan antawisipun sandhal, tas, sarta rerenggan griya. Damel kerajinan saking limbah kertas inggih gagasanipun Novianti Syukmita warga Ledhok Tukangan, Kota Yogyakarta. Novianti gadhah gagasan damel kerajinan kanthi bahan baku limbah kertas koran saking internet. Supados anggenipun makarya rancag, Novi ndayakaken perajin kangge nglinting kertas. Sinaosa bahan bakunipun kertas nanging kerajinan kasebat dipun tanggel awet lan boten badhe risak menawi kenging toya awit koran ingkang dipun lintingi dipun lapis cat. Saben wulan, Novianti damel atusan iji kerajinan dene panyadenipun rumambah Papua ngantos ngamanca. Regi maneka kerajinan saking kertas koran kasebat kaperang murwat. Regi sandal Rp 20.000,00 sapasang dene regi tas ngantos Rp 250.000,00 .

Kajawi produk limbah kertas koran, salebeting Gelar Potensi Wirausaha Muda ugi cumawis stand tenun lurik, produk wira usaha muda Kota Yogykarta. Maneka stand kasebat ngrengga Taman Pintar sesarengan kaliyan stand SKPD lan produk unggulan saking saben kecamatan sa wewengkon Kota Yogyakarta.

( Hari Atmaja )

Artikel Terkait