Lomba Masak Nasi Goreng Tumrap PNS Priya

Admin | Kamis, 19 November 2015 20:31

Sleman, www.jogjatv.tv Korpri Kabupaten Sleman, dinten Kamis (19/11) siyang nggelar lomba masak nasi goreng ingkang pamupunipun mligi para priya PNS Pemkab Sleman. Kejawi kangge ngregengaken ambal warsa Korpri ingkang kaping 44, lomba masak nasi goreng ugi kangge nggrengsengaken karemenan masak tumrap para priya, nyawisaken dhedhaharan kangge kulawarga.

Lomba masak nasi goreng mligi kangge para PNS priya punika kawiwitan kanthi masangaken celemek dhateng salah satunggaling pamupu dening Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi. Lomba ingkang dipun gelar ing Pendhapi Rumah Dhinas Bupati Sleman kasebat, pamupunipun boten namung para staf kemawon nanging ugi para pejabat Pemkab Sleman. Kepara Penjabat Bupati Sleman lan Pelaksana Tugas Sekda Sleman Iswoyo, ugi tumut mupu lomba.

Miturut ketua panitia, Pustopo, sawetawis bab ingkang dipun biji salebeting lomba antawisipun, miraosing masakan, kreatifitas, mutuning bahan, nilai gisi lan caranipun ngladosaken. Kejawi kangge sarana guyub rukunipun para PNS, lomba masak nasi goreng mligi kangge para priya ugi kangge nggrengsengaken kaprigelan masak tumrap para priya.

Miturut Penjabat Bupati Sleman, Gatot Saptadi nembe sepisanan masak nasi goreng. Anggenipun tumut mupu lomba kejawi kangge suka panjurung dhateng para pamupu sanesipun ugi minangka wujud panyengkuyung dhateng kridha ingkang migunani kasebat.

( Subardi )

Artikel Terkait