Lomba Cipta Menu

Admin | Selasa, 26 April 2016 19:09

Klaten, www.jogjatv.tv Kabetahan bahan pangan mliginipun uwos, saya tikel laras kaliyan cacahing penduduk ingkang saben taunipun mindhak. Kangge ngawekani krisis pangan mliginipun uwos, Tim Penggerak PKK Desa Sekarsuli, Kecamatan Klaten Utara, nepangaken bahan pangan non beras gantosing uwos dhateng masyarakat, kanthi nggelar Lomba Cipta Menu Bahan Dasar Singkong.

 

Salebeting lomba para pamupu lomba damel maneka menu msakan saking telo pohung, antawisipun sushi singkong, singkong burger, kroket bakar, getuk selai lan bronis singkong. (Purwanto)

Artikel Terkait