Koni Badhe Nggelar Porkab Lan Lomba Lari 100 K

Admin | Selasa, 26 April 2016 19:08

Sleman,www.jogjatv.tv Dungkap pengetan sak abad Hadeging Kabupaten Sleman, Koni Sleman nggelar tetandhingan olahraga tataran padhukuhan ngantos kabupaten. Kridha olahraga kasebat ugi kangge pembinaan olahraga ing Sleman .

Jajaran pengurus Koni Sleman, sowan Bupati Sleman,Sri Purnomo ing Ruang Rapat Bupati Sleman dinten Senen (25/4) siyang. Salebeting kalodhangan kasebat, Ketua Koni Sleman, Pramono nglapuraken maneka kridha olahraga ingkang dipun adani dening Koni Sleman dungkap pengetan sa abad Kabupaten Sleman, kanthi nggelar tetandhingan olahraga tataran desa ngantos kabupaten. Tetandhingan ingkang dipun gelar antawisipun futsal, tenis lapangan, pingpong, voly, catur lan badminton. Tetandhingan olahraga tingkat desa sampun purna candhakipun badhe dipun gelar pertandingan Olahraga Tingkat Kabupaten Porkab, tanggal 1 ngantos 10 Mei benjing. Kajawi punika, Koni Sleman ugi badhe nggelar lomba lari 100 kilometer wiwit tanggal 7 ngantos 8 Mei benjing, ngrebataken bebana 100 yuta rupiyah dene cacahing pendaftar sampun tiyang 2000 saking sawetawis wewengkon Indonesia lan 12 nagari ngamanca.

 

Bupati Sleman, Sri Purnomo nyengkuyung tetandhingan olahraga ingkang dipun gelar dening Koni Sleman samangke, mliginipun lomba lari 100 kilometer. Sri Purnomo ngajab panitia cecawisan kanthi tumemen amrih rancaging kridha kasebat.

 

(Subardi)

 

Artikel Terkait