Festival Sompil

Admin | Selasa, 26 April 2016 19:08

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Kabupaten Gunungkidul kawentar awit sugih papan wisata. Tlatah cengkar kasebat tetela ugi nyimpen kaskaya kuliner ingkang dereng dipun mangertosi dening masyarakat. Kangge ngindakaken kunjungan wisata lan narik kawigatosan wisatawan, masyarakat Kecamatan Patuk nggelar Festival Sompil. Sompil inggih tetedhan mirunggan Kecamatan Patuk ingkang ngantos samangke taksih dipun pepetri. Sompil inggih masakan kados opor, kangge lawuh nedhi lonthong ingkang gatranipun paju tiga, mawi tahu, tempe lan krupuk. Lampahing festival narik kawigatosan wisatawan, kepara ugi Bupati Gunungkidul, Badingah.

Warga ingkang badhe ngicipi sompil, kedah tumbas girik ingkang reginipun Rp 5.000,00 lajeng dipun lintu sompil saporsi. Warga Dhusun Salam, Ngasem Ayu, Pathuk Gunungkidul, gadhah gagasan nggelar Festival Sompil, kangge nepangaken sawetawis obyek ing Kecamatan Patuk, antawisipun Gunung Api Purba Nglanggeran, Gunung Ireng lan Taman Bunga Amarillis.

Festival kados samangke tetela damel keprananipun wisatawan ingkang sanja dhateng Kabupaten Gunungkidul awit ing papan kasebat, wisatawan saged ningali tetingalan ingkang edi sarta tetedhan khas Gunungkidul. (Anjar Ardityo)

Artikel Terkait