Karnaval Sampah

Admin | Senin, 29 Februari 2016 19:34

Bantul, www.jogjatv.tv Minangka wujud kaprihatosan awit taksih andhapipun kesadaran masyarakat kangge mbucal lan ngemonah uwuh kanthi satrepipun, sawetawis aktivis lan bebadan kepemudaan ing Bantul nggelar kridha ingkang elok, inggih punika karnaval sampah. Sedaya pasarta ngangge busana ingkang dipun damel saking uwuh lan limbah rumah tangga. Kridha punika tetela nampi kawigatosan saking masyarakat.

Karnaval sampah dipun gelar dinten Minggu (28/2) dipun sengkuyung dening puluhan kelompok kepemudaan dan organisasi kemasyarakatan ingkang perduli dhateng perkawis uwuh ing Kabupaten Bantul. Maneka busana ingkang dipun angge inggih wujud kreativitas lan protes awit kesadaran masyarakat kangge mbucal lan ngemonah uwuh taksih andhap. Maneka uwuh plastik dipun damel dados busana ingkang endah. Ugi wonten gunungan sampah, produk kreasi daur ulang sampah, lan maneka pepethan sato kewan saking limbah.

Bantul inggih dados papan baku kangge urusan uwuh ing DIY. Uwuh domestik lan plastik dipun bucal dhateng TPST Piyungan lan samangke kawontenanipun sakalangkung nguwatosaken. Awit saking punika, karnaval kasebat kaajab saged nggugah kesadaran masyarakat supados langkung perduli kanthi mbucal lan ngemonah uwuh kathi satrepipun. Maneka jinis uwuh plastik, kertas, lan logam saged dipun sade dhateng pengepul rongsokan lan saged nambah pamedal kulawarga. ( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait

Kampung Celana Dalam

29 Februari 2016 19:33

Jalan Sehat Kampanye Gizi

29 Februari 2016 19:32

Atusan Siswa Tumut POPDA 2016

29 Februari 2016 19:32

Warga Temukan Arca Kuno

29 Februari 2016 19:30