Atusan Siswa Tumut POPDA 2016

Admin | Senin, 29 Februari 2016 19:32

Klaten, www.jogjatv.tv Wiwit enjing atusan siswa perwakilan saking sawetawis Sekolah Dasar ing Klaten, Jawa Tengah, tumut mupu sawetawis lomba atletik salebeting POPDA Klaten 2016. Salebeting popda tataran SD samangke wonten tigawelas cabang olahraga ingkang dipun gelar, inggih punika voli mini, panahan, badminton, taekwondo, karate, kids atletik , pencak silat, renang, senam, sepak bola mini, sepak takraw, tenis lan pingpong. POPDA dipun adani wiwit tanggal 29 Februari ngantos 5 Maret 2016 dene papanipun dipun cundhukaken kaliyan cabang olahraga ingkang dipun gelar. Kejawi milih juara kangge makili Klaten salebeting POPDA tataran Propinsi, kridha punika ugi kangge penjaringan lan pembibitan siswa berprestasi mliginipun ing jagad olahraga.

Sudibyo, ugi mratelakaken kangge ngrembakakaken bakat lan prestasi para siswa ing Klaten boten namung dipun gelar lomba kemawon, nanging ugi dipun tindakaken pembinaan kanthi ajeg lan berjenjang, inggih wiwit saking tataran SD ngantos SMA Sadrajat. ( Sri Haryadi )

Artikel Terkait