Kampung Celana Dalam

Admin | Senin, 29 Februari 2016 19:33

Klaten, www.jogjatv.tv Desa Tempursari, Kecamatan Ngawen, Klaten, ngantos samangke taksih kaloka kanthi sebatan kampung celana dalam. Bab kasebat awit ing dhusun punika wonten watawis pitulikur pengusaha konveksi celana dalam sarta pakaian dalam sanesipun. Budi Diyatmiko, Kepala Desa Tempursari mratelakaken mila Desa Tempursari ugi kaloka sinebat kampung cd. Rumiyin ing desa punika kathah perajin konveksi ingkang gunggungipun ngantos atusan, ingkang racak inggih produksi celana dalam lan pakaian dalam wanita. Nanging awit katempuh krisis nalika samanten, samangke kantun pitulikur pengusaha konveksi ingkang taksih produksi.

Salah satunggaling pengusaha konveksi ingkang ngantos samangke taksih produksi inggih punika Fakhrudin. Miturut Fakhrudin, wiwit alit watawis taun 1967 ing desa punika sampun kathah usaha konveksi, mliginipun konveksi celana dalam. Nanging Fakhrudin piyambak wiwit nekuni usaha punika ing taun 1996. Saking pawitan sawontenipun, Fakhrudin saged ngrembakakaken usahanipun ingkang samangke omsetipun sampun nggayuh langkung saking Rp. 10.000.000 ing saben wulanipun. Gayut kaliyan panyadenipun, asil produksinipun Fakhrudin ingkang dipun biyantu dening pitu tenaga karya punika sampun rumambah dhateng sanjawining Klaten, kadosta dhateng peken johar Semarang, Ungaran, Salatiga, Magelang, Prambanan, Ngayogyakarta ngantos Purworejo lan Tangerang. Dene reginipun gumantung saking bahan lan mutunipun. Setunggal dosin reginipun antawis Rp. 10.000 ngantos Rp.30.000.

( haryadi )

Artikel Terkait

Jalan Sehat Kampanye Gizi

29 Februari 2016 19:32

Atusan Siswa Tumut POPDA 2016

29 Februari 2016 19:32

Warga Temukan Arca Kuno

29 Februari 2016 19:30