Jalan Sehat Kampanye Gizi

Admin | Senin, 29 Februari 2016 19:32

Magelang, www.jogjatv.tv Maneka cara dipun tempuh kangge kampanye wigatinipun asupan gizi. Kadosta ingkang dipun tindakaken ing Magelang Jawa Tengah, inggih punika kanthi nggelar jalan sehat nanging sedaya pasartanipun kedah mbekta sayuran.

Warga Desa Sumberarum, Kecamatan Tempuran, Kabupaten Magelang, nggelar kridha ingkang elok inggih punika jalan sehat kampanye gizi. Katingal elok awit para pasarta jalan sehat kedah mbekta sayuran. Kridha punika inggih kangge kampanye wigatinipun asupan gizi kangge badan. Sayuran dipun pilih awit dados sumber gizi ingkang gampil dipun prangguli.

Kepala Desa Sumber Arum, Zen Fanani, mratelakaken, kridha punika inggih salah satunggaling langkah gerakan pemberantasan gizi buruk, awit ing wewengkon tempuran taksih wonten warganipun ingkang nandhang gizi buruk.

Kejawi jalan sehat kanthi mbekta sayuran, salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun gelar seni tradisional dening warga, kangge sarana panglipur. ( Yuki Pramudia )

Artikel Terkait