Wisata Batik Prambanan

Admin | Jumat, 01 April 2016 19:08

Klaten, www.jogjatv.tv Menawi pinuju plesir dhateng Klaten, Jawa Tengah, wisatawan boten namung saged ningali kaelokaning Candhi Prambanan kemawon. Wisatawan ugi saged ningali punapa dene gladhen mbatik sesarengan, kaliyan para ibu warganing PKK, dhateng Pendhapi Desa Kebondalem Kidul, Prambanan.

Maneka motif bathik ingkang dipun damel inggih punika bathik seratan, motif tradisional lan modern sarta candhi. Sawetawis wisatawan domestik padatan kampir dhateng bale desa, saderengipun tumuju Candhi Sojiwan, ingkang tebihipun 50 meter saking papan kasebat, saperlu ningali lan gladhen damel batik seratan.

Salah satunggaling wisatawan saking Jakarta, Amira mratelakaken remen pikantuk kalodhangan gladhen damel batik. Sinaosa asring ngangge rasukan bathik nanging boten mangertos dhateng caranipun mbatik. Tetela mbathik kedah sabar, supados saged mbabar bathik ingkang endah.

Salah satunggaling perajin batik, Titik mratelakaken, sengaja mbatik dhateng Bale Desa Kebondalem, kangge mimbuhi daya tarik wisata Candi Prambanan supados wisatawan boten namung plesir dhateng candhi kemawon, nanging ugi saged tumbas Batik Khas Prambanan lan gladhen mbatik.(Purwanto)

Artikel Terkait