Kridha Penghijauan

Admin | Jumat, 01 April 2016 19:07

Kulonprogo, www.jogjatv.tv Minangka wujud panyengkuyung dhateng program pemerintah salebeting gerakan penghijauan, Kodim Nol Tujuh Tiga Satu, Polri lan Forkompinda Kulonprogo nindakaken penghijauan dhateng kawasan Hutan Negara sakiwa tengen Kantor Balai Besar Veteriner ing Padhukuhan Gununggempal, Desa Giripeni, Kecamatan Wates, Kulonprogo. Ewonan bibit mahoni, akasia, asem lan pelem dipun tanem dhateng wana ingkang wiyaripun 3 hektar. Sasampunipun gesang, taneman kasebat badhe dipun upakawis supados tuwuh ngrembaka dados paru-paru kota minangka sumber oksigen. Penghijauan Hutan Negara ugi dipun tindakaken dening jajaran koramil, saking 12 kecamatan sa Kulonprogo, ingkang dipun tengenaken dhateng tlatah pareden kangge ngawekani longsor lan bena. Gerakan penghijauan sesirah “Bumiku Hijau Uripku Mulyo” kasebat mengku teges, njagi lestarining wewengkon wigati tumrap kawilujengan lan karaharjan ing tembe.

 

Dinas Pertanian dan Kehutanan Kulonprogo nyengkuyung gerakan penghijauan kanthi nyawisaken ewonan bibit taneman dhateng tlatah pareden lan Hutan Negara, ingkang wiyaripun 58,678 hektar lan 22 ewu hektar Hutan Rakyat. (Muhammad Sugeng)

Artikel Terkait