Warga Tumut Kejar Paket C

Admin | Selasa, 05 April 2016 19:45

Magelang, www.jogjatv.tv Atusan warga ing Kabupaten Magelang, tumut Ujian Kesetaraan Paket C, ingkang dipun gelar dening Dinas Pendidikan. Sabotenipun wonten 481 warga Ing Kabupaten Magelang, ingkang kadaptar minangka pasarta Ujian Kesetaraan Paket C. Sinaosa pasartanipun saking maneka kalangan lan umur nanging para pasarta katingal kebak greget mbudidaya supados saged pikantuk ijasah. Saking atusan pasarta, namung tiyang sekawan kemawon ingkang boten dhateng kanthi pawadan ingkang boten cetha.

Gunggung pasarta Ujian Kejar Paket C taun samangke suda tinimbang taun saderengipun, ingkang nggayuh wolungatus kalih 802 pasarta ujian. Sinaosa makaten pemerintah daerah ngajab, supados warga ingkang dereng gadhah ijasah awit maneka sebab, tumuli saged ndaptar kangge tumut Ujian Kesetaraan lumantar Kejar Paket. (Yuki Pramudya)

Artikel Terkait