Regi BBM Mandhap, Regi Sembako Popog

Admin | Selasa, 05 April 2016 19:42

Sleman, www.jogjatv.tv Sinaosa wiwit tanggal satunggal April regi Bahan Bakar Minyak (BBM), bensin lan solar mandhap Rp.500,00 saben liter nanging regi kabetahan baku dhateng sawetawis peken tradisional ing Sleman popog awis.

Limrahipun, menawi regi BBM mindhak mangaribawani regi kabetahan baku mindhak, pawadanipun awit mindhakipun regi BBM njalari biaya transportasi tikel. Kosok wangsulipun, mandhapipun regi BBM, tetela dereng mangaribawani mandhapipun regi kabetahan baku. Ngantos samangke, regi kabetahan baku dhateng peken tradisional tlatah Sleman popog awis. Kadosta ing Peken Tradisional Cebongan. Regi uwos ing peken kasebat Rp 9.000,00 saben kilo, daging lembu Rp.110 .000,00 ngantos Rp 120.000,00 saben kilo dene regi daging ayam kepara mindhak, sakawit Rp 24.000,0 mindhak dados Rp 28.000,00 saben kilo.

Kajawi daging ayam, regi sawetawis kabetahan baku ugi mindhak. Gendhis pasir ingkang sakawit reginipun Rp.11.500,00 mindhak dados Rp.12 .000,00. Regi tigan sakawit Rp 16.500,00 mindhak dados Rp 17.500,00 saben kilo. Lisah goreng ingkang minggu kapangker, reginipun Rp.11 .000,00 mindhak dados Rp 11.000,00 saben kilo. Regi brambang sakawit Rp 40.000,00 mindhak dados Rp 44.000,00 saben kilo. Para bakul boten mangertos punapa ingkang njalari regi kabetahan baku mindhak awit regi saking papanipun kilakan mindhak. (Subardi)

Artikel Terkait