Bathik Seratan Saking Bayat

Admin | Selasa, 05 April 2016 19:41

Klaten, www.jogjatv.tv Kanthi pawitan temen lan sabar, ibu-ibu warga Desa Kebon , Kecamatan Bayat, Klaten ,Jawa Tengah, nekuni usaha minangka perajin batik seratan. Saking pawitan sakawit, badhe salembar lan ngelmi, samangke usaha kasebat saya ngrembaka.

Miturut sekretaris Kelompok Batik Tulis Kebon Indah, ibu-ibu ing wewengkon kasebat nekuni usaha batik wiwit taun 2010. Kawitanipun, sasampunipun tumempuhing lindhu ageng, ibu-ibu dipun ampingi lan dipun gladhi dening LSM. Salajengipun ing taun 2010, 200 ibu saking 5 kelompok, dipun pawiti badhe salembar lan ngelmi. Kanthi temen lan sabar, usahanipun saya ngrembaka dene samangke pawitanipun sampun nggayuh Rp 5 milyar 300 yuta.

Warganing kelompok tansah mekaraken motif lan corekan.Ciri mathi desanipun, antawisipun motif kupu, uwit jati lan sekar sarta nanjakaken pewarna alami. (Haryadi)

Artikel Terkait

5 Tugu Badhe Dipun Mulyakaken

05 April 2016 19:40

Regi Lombok Mandhap

04 April 2016 19:37

Pesta Rakyat Sleman 2016

04 April 2016 19:37