UNBK Dipun Awat-Awati Kamera CCTV

Admin | Selasa, 05 April 2016 19:44

Sleman, www.jogjatv.tv Salebeting Ujian Nasional Berbasis Komputer ( UNBK,) saben ruang ujian dipun awat-awati dening pengawas. Sinaosa makaten, kangge ngawekani lampah culika, UNBK SMA N 1 Kalasan ugi dipun semak ngginakaken kamera CCTV.

Miturut Kepala SMA N 1 Kalasan, Tri Sugiharto, salebeting UNBK samangke, saben ruang ujian, dipun pasangi kamera CCTV ingkang dipun sambetaken dhateng monitor ing ruangan kepala sekolah .

Kejawi dipun semak lumantar kamera CCTV , amrih rancaging UNBK ingkang pasartanipun 198 siswa kasebat, pehak sekolah ugi nyawisaken 2 genset kangge ngawekani menawi sawani-wanci listrik pejah. (Subardi)

Artikel Terkait