Upacara Miyos Gangsa Sekaten 1949 Jimawal

Admin | Jumat, 18 Desember 2015 19:26

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Kangge miwiti upacara Sekaten 1949 Jimawal, Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat nindakaken upacara miyos gangsa, mboyong Kyai Guntur Madu lan Kyai Nogo Wilogo tumuju Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta. Gansga sekaten dipun boyong miyos dening atusan prajurit lan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta. Gangsa sekaten kaboyong miyos saking Bangsal Ponconiti langkung pagelaran kraton, alun-alun ler dumugi masjid gedhe. Gangsa Kyai Gunturmadu dipun papanaken dhateng pagongan kidul dene gangsa Kyai Nogo Wilogo dipun papanaken dhateng pagongan ler. Salajengipun gangsa sekaten badhe dipun tabuh sadanguning seminggu ngantos upacara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Miturut abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, KRT Waseso Winoto menawi taun kapengker sasampunipun gangsa sekaten kawiyosaken dhateng masjid gedhe, gangsa nuli dipun tabuh nanging jalaran upacara miyos gangsa samangke ngleresi malem jemuwah pramila gangsa sekaten dipun tabuh sasampunipun shalat Jumat. (Twin Kumilah)

Artikel Terkait

Kirab Kepyakan Lomba Kebudayaan Jawa

18 Desember 2015 19:23

Hari Tanam Pohon

18 Desember 2015 19:22