Hari Tanam Pohon

Admin | Jumat, 18 Desember 2015 19:22

Bantul, www.jogjatv.tv–Tanggal 17 Desember dipun pengeti minangka hari Tanam Pohon Sedunia. Ewa semanten, masyarakat racakipun dereng pana dhateng bab kasebat, kepara nyepelekaken pigunanipun wit-witan tumrap gesanging sedaya titah kamangka manungsa sakelangkung mbetahaken oksigen saking wit-witan.

Pengetan Hari Tanam Pohon Sedunia Kabupaten Bantul dipun gelar dhateng Kebun Buah Mangunan Dlingo, dinten Kemis (17/12) siyang. Kridha kasebat dipun rawuhi dening pejabat SKPD Kabupaten Bantul sarta Dispertahut. Salebeting kalodhangan kasebat, satunggaling bank pemerintah nyumbangaken sewu bibit taneman dhateng Kebun Buah Mangunan sarta tumrap kelompok tani ing sakiwa tengen kebun buah. Wonten kalih jinis bibit taneman ingkang dipun tanem, inggih bibit woh-wohan lan kajeng taun antawisipun Jati lan Mahoni .

Miturut Kepala Dispertahut Bantul, Partogi Pakpahan, kridha kasebat inggih kupiya nyata saking pemerintah kangge nyuburaken malih lahan kritis. Sadanguning taun 2015 sabotenipun Dispertahut Bantul sampun nanem 40 ewu bibit taneman dhateng 17 kecamatan sa Kabupaten Bantul. Masyarakat kaajab tumut njagi lestarining taneman supados boten dipun risak dening tetiyang ingkang boten tanggel jawab.

(Anang Zainuddin)

Artikel Terkait

Taman Edukasi Pemilu

18 Desember 2015 19:14

Perawatan Batu Candi

18 Desember 2015 19:12

Pengukuran Lahan Bandara Ricuh

18 Desember 2015 19:11