TPID Nanggel Pasudyan Bahan Pangan Cekap

Admin | Jumat, 18 Desember 2015 19:24

Sleman, www.jogjatv.tv Sinaosa kabetahan pangan nalika dinten Riyaya Natal lan warsa enggal, tikel, nanging Tim Pengendali Inflasi Daerahn (TPID) Kabupaten Sleman nanggel, pasudiyan bahan pangan ing Sleman cekap.

Miturut Ketua TPID Kabupaten Sleman, Iswoyo Hadiwarno, dungkap dinten Riyaya Natal lan warsa enggal, TPID Sleman nyemak pasudiyan bahan pangan dhateng sawetawis distributor bahan pangan sarta peken tradisional tlatah Sleman. saking panyemak TPID, dipun mangertosi distributor bahan pangan gadhah pasudiyan bahan pangan ingkang kathah. para bakul peken tradisional ugi gadhah pasudiyan pangan ingkang cekap lan boten kangelan masok bahan pangan. miturut cathetan, TPID Sleman, pasudyan uwos, daging ayam sarta tigan kathah pramila TPID Sleman nanggel, sadanguning natal lan warsa enggal, Sleman boten badhe kekirangan bahan pangan dene menawi sawanci-wanci dumados kelangkaan bahan pangan, jalaran para bakul ingkang culika pramila TPID SLeman badhe tumuli nindakaken operasi pasar. Awit saking punika, Ketua TPID Sleman ngajab supados warga Sleman boten kuwatos badhe kekirangan pangan.

 

(Subardi)

Artikel Terkait

Kirab Kepyakan Lomba Kebudayaan Jawa

18 Desember 2015 19:23

Hari Tanam Pohon

18 Desember 2015 19:22

Taman Edukasi Pemilu

18 Desember 2015 19:14