Upacara Adat Mondosiyo

Admin | Rabu, 02 Maret 2016 18:50

Karanganyar, www.jogjatv.tv Sampun dados lampah adat turun tumurun tumrap warga Warga Dhusun Pancot, Kecamatan Tawangmangu, Karanganyar, Jawa Tengah, nggelar upacara bersih desa ingkang antawisipun kanthi rebatan ayam. Ayam ingkang kangge rebatan inggih asal saking para warga piyambak minangka wujud luwaran nadar. Padatanipun warga ingkang gadhah nadar lajeng nyumbangaken ayam sajodho kangge dipun rebataken minangka tandha raos syukurdhateng ngarsaning gusti awit sedaya nugroho ingkang sampun dipun tampi.

Lampahing upacara ugi dipun regengaken pagelaran maneka kridha senilan tetela nengsemaken. Dene pucaking upacara inggih punika kanthi rebatan ayam, maneka cara dipun tempuh supados saged pikantuk ayam punika. Kepara ugi wonten ingkang sami rebatan ayam ingkang sampun kacepeng.

Upacara mondosiyo ing jaman kawuri inggih minangka wujud raos syukuripun warga awit pejahipun prabu boko ingkang remen nedhi lare, dene ingkang mejahi inggih pangeran putut tetoko. Ngantos samangke, warga dhusun pancot tetep nglestantunaken upacara adat tilaran leluhur punika. ( Heru Kristianto )

Artikel Terkait

Tesmak Kajeng

02 Maret 2016 18:49

939 Santri Tumut Lomba Pospeda

02 Maret 2016 18:48