Tesmak Kajeng

Admin | Rabu, 02 Maret 2016 18:49

Karanganyar, www.jogjatv.tv Limbah kajeng jatilan sonokeling sisa kerajinan mebeler padatan inggih namung dipun tanjakaken kangge kajeng obong. Nanging tumrap tetiyang ingkang kreatif, limbah punika saged dipun sulap dados barang kerajinan sanes ingkang ageng pengaosipun.

Kadosta ingkang dipun tindakaken dening Yogie, inggih punika damel tesmak saking limbah kajeng jati lan sanakeling, watawis tigang taun kapengker ing Benawa, Palur, Karanganyar, Jawa Tengah. Kawitanipun panyadening tesmak kajeng punika dhateng papan papan jujugan wisata, kadosta dhateng Bali lan Bandung. Nanging samangke panyadenipun sampun rumambah peken ngamanca, kanthi nanjakaken sarana online, inggih punika website lan media sosial.

Panyadening tesmak kajeng kasebat kejawi dhateng peken lokal antawisipun ugi dhateng sawetawis nagari ngamanca, kadosta Malaysia lan Singapura. Miturut Yogie bab kasebat inggih pawitan baku kangge nanjakaken kalodhangan mea samangke.

Konsumen ngamanca racakipun remen produk mawi ciri lokal kedaerahan. Awit saking punika bahan baku ingkang dipun tanjakaken inggih limbah kajeng sonokeling lan jati. Kejawi punika ugi dipun sembuh rerenggan kedaerahan kadosta bathik. Kangge damel tesmak punika taksih kanthi cara manual, kanthi dipun biyantu dening pitung tenaga karya warga asli benowo. Inovasi tansah dipun tengenaken kangge minangkani pamundhutan lan welingan, awit bab kasebat ingkang dados kunci supados wohing pakaryanipun saged dipun tampi peken ngamanca. ( Heru Kristianto )

Artikel Terkait

939 Santri Tumut Lomba Pospeda

02 Maret 2016 18:48

Kepyakan Kampung KB

29 Februari 2016 19:35