Taneman Pantun Katerak Patah Leher

Admin | Rabu, 02 Maret 2016 18:48

Klaten, www.jogjatv.tv Taneman pantun ing Desa Plosowangi, Kecamatan Cawas, Kabupaten Klaten, katerak blas Pirycularia Oryzae utawi patah lehersatemah saged njalari puso. Paneraking patah leher punika sampun watawis sangangdasa persen saking wiyaring pasabinan 115 hektar, wondene jinis pantun ingkang katerak inggih jinis pantun ciherang.

Kades Plosowangi, Suhono, mratelakaken, blas utawi patah leher nerak taneman pantun, watawis sangangdasa persen saking wiyaring pasabinan 115 hektar ing Desa Plosowangi. Paneraking jinis sesakit punika saged njalari puso awit gabah dados kopong. Jinis taneman pantun ingkang katerak inggih varietas ciherang.

Awit paneraking seskit punika, para kadang tani nandhang kapitunan. Menawi limrahipun saking saben pathok sabin petani saged nampi pamedal antawis Rp. 5 yuta ngantos Rp. 6 Yuta, samangke mbokbilih para penebas gabah boten purun numbas. Suhono ugi mratelakaken pehakipun sampun tembayatan kaliyan PPL, nanging jinis sesakit punika taksih angel anggenipun ngawekani lan dereng wonten obatipun. ( Purwanto )

Artikel Terkait

939 Santri Tumut Lomba Pospeda

02 Maret 2016 18:48

Kepyakan Kampung KB

29 Februari 2016 19:35

Karnaval Sampah

29 Februari 2016 19:34