Terapi Ikan

Admin | Rabu, 16 Desember 2015 19:37

Yogyakarta,www.jogjatv.tv Panjenengan stres, sisah lan sayah, prayogi ngaso sekedhap amrih badan sekeca malih. Wonten maneka cara ingkang saged dipun lampahi, antawisipun kanthi terapi ikan dhateng papan gumelaring Pasar Malem Pahargyan Sekaten. Kanthi tarip Rp 10.000,00 panjenengan badhe dipun terapi sadanguning seprapat jam, suku panjenengan badhe dipun krikiti ulam alit-alit saking Timur Tengah.

Miturut pengelola, Heri, ulam saking Timur Tengah ingkang dipun ginakaken kangge terapi dipun rembakaken ing Tlatah Banjarnegara. Heri sakanca sengaja nanjakaken PMPS punapa dene pasar malem ing tlatah sanes kangge nepangaken terapi ikan awit kathah pigunanipun, ngicali raos sayah, bancaraken ilining rah sarta ngicali sumpeging penggalih.

( Twin Kumilah )

Artikel Terkait