Paguyuban Jathilan Manunggal Budaya

Admin | Rabu, 16 Desember 2015 19:34

Yogyakarta,www.jogjatv.tv Ngleluri kagunan seni budaya boten namung dados tanggel jawab pemerintah kemawon nanging ugi masyarakat mliginipun paguyuban kesenian. Awit saking punika, paguyuban Jatilan Manunggal Budaya, ingkang warganipun racak para rumaja kasebat grengseng nindakaken kampanye tresna budaya lumantar jatilan.

Paguyuban jatilan Manunggal Budaya saking Kepatihan, Kecamatan Keraton, Ngayogyakarta, nggelar pentas dhateng panggung kesenian PMPS, Selasa (15/12). Paraga jathilan ingkang racakipun para rumaja kasebat katingal luwes jejogetan sarta trengginas njoget rampak buto, satemah damel kepranan para pamirsa.

Miturut sekretaris Paguyuban Jatilan Manunggal Budaya, Fajar Budi Aji, sengaja ngajak para rumaja njathil, kangge njurung wiranem sanes supados greget memetri kagunan seni budaya mliginipun seni jathilan, pramila gamelan jathilan dipun kolaborasi kaliyan musik modern, drum lan tamborin supados mranani.

Panggung kesenian PMPS ingih papan kangge nggelar maneka kridha seni , seni tradisional, kontemporer sarta modern, mengku ancas kangge nglipur warga ing papan gumelaring sekaten sarta kangge ndunungaken wiranem supados tumindak sae, lumantar kridha seni.

( Twin Kumilah )

Artikel Terkait