Dino Adventure, Wahana Enggal Ing Taman Pintar

Admin | Rabu, 16 Desember 2015 19:32

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Dungkap libur natal lan libur warsa enggal, pengelola Taman Pintar Yogyakarta ngepyakaken wahana enggal, Dino Adventure. Wahana ingkang dipun kepyakaken dening Walikota Yogyakarta,Haryadi Suyuti, dinten Rebo (16/12) siyang inggih wahana pendidikan kangge nepangaken kewan purba Dinosaurus. Kanthi numpak kereta mini wisatawan badhe dipun ajak mlebet terowongan ingkang panjangipun 100 meter , papanipun 6 kewan purba, maneka jinis Dinosaurus. Dinosaurus ingkang dipun ripta kanthi nanjakaken tekhologi robotik kasebat wujudipun memper Dinosaurus asli. Kepala Pengelola Taman Pintar Yunianto Dwi Sutono, ngajab wontenipun wahana enggal, Dino Adventure samangke wahana ing taman pintar gadhah 50 wahanalan kaangkah narik kawigatosan wisatawan.

( Hari Atmaja )

Artikel Terkait