Sosialisasi Bebaya Aids

Admin | Rabu, 02 Desember 2015 19:44

Klaten, www.jogjatv.tv Kangge mengeti Hari Aids Sedunia, Komisi Penanggulangan Aids (KPA) Klaten nindakaken Sosialisasi Bahaya HIV dhateng Terminal Klaten, Jawa Tengah.

Dinten Selasa (2/12) siyang, petugas gabungan , KPA Klaten, polisi sarta dishub ngendheg bis ingkang mlebet dhateng Terminal Klaten Jawa Tengah, saperlu nindakaken sosialisasi bab bebaya aids lan HIV tumrap sopir lan penumpang. Ing kalodhangan kasebat petugas ugi suka pita warni abrit dhateng sopir lan penumpang.

Perlu kawuningan, saben taun, cacahing panandhang HIV Aids mindhak..Miturut data KPA Klaten , panandhang aids ing Klaten, cacahipun tiyang 350. (Haryadi)

Artikel Terkait