Sela Sotya Taksih Dipun Remeni

Admin | Senin, 30 November 2015 17:53

Solo, www.jogjatv.tv–Sinaosa pamor sela sotya utawi akik samangke sampun wiwit surud, nanging pameran sela akik sadanguning gangsal dinten wiwit tanggal 25 ngantos 29 November 2015 ing Solo Center Point, Kitha Solo Jawa Tengah tansah kebak dening warga ingkang ningali pameran. Wiwit pameran dipun bikak, kathah warga masyarakat umum punapadene para sutresna sela sotya ingkang dhateng kangge ningali endahing sela alam kasebat.

Kejawi nepangaken kaskaya alam sela sotya Nuswantara, pameran kasebat ugi kangge nggrengsengaken lampah perekonomian masyarakat kalebet nambah daya tarik wisata, boten namung dhateng salebeting kitha kemawon nanging ugi saking sanjawining kitha, satemah kathah ingkang dhateng Kitha Solo. Salebeting pameran cumawis puluhan jinis sela saking Nuswantara, kadosta Kristal Gambar, Sela Badar, maneka sela Kalsidon lan samangke kathah dipun padosi sutresna sela inggih sela Fire Opal, Bacan lan Sela Garut. Sela ingkang dipun pameraken kasebat ugi kanthi maneka regi wiwit saking Rp 100.000,00 ngantos yutan rupiyah. (Heru kristianto)

Artikel Terkait

Santri Dipun Gladhi Olah Tetanen

30 November 2015 17:51

Dokter Lampu Difabel

30 November 2015 17:48