Jalan Sehat Sosialisasi Pilkada KPU Kota Solo

Admin | Senin, 30 November 2015 17:49

Solo, www.jogjatv.tv–Komisi Pemilihan Umum Kota Solo, Jawa Tengah, milih jalan sehat minangka sarana sosialisasi Pilkada. Cara kasebat kawawas trep kangge suka seserepan lan katrangan bab Pilkada dhateng masyarakat.

Jalan sehat ingkang dipun estreni dening kirang langkung sewu warga Solo bidhal saking Gelora Manahan Solo, Jawa Tengah, dinten Minggu (30/11) enjing. Jalan sehat sengaja dipun gelar dening Komisi Pemilihan Umum Kitha Solo, kanthi pangangkah Solo Kota Ramah Demokrasi.

Awit saking punika, warga dipun ajak kangge ngginakaken hak pilihipun sarta njagi katentreman Kitha Solo nalika lampahing Pilakada.

Kanthi Pilkada sesarengan, lampah sosialisasi pancen kedah tansah dipun tindakaken. Ing Kitha Solo piyambak kathah pemilih pemula ingkang mbetahaken informasi gayut kaliyan lampahing Pilkada. Kaajab sosialisasi kasebat saged kangge nyuda angka golput. (Tim Liputan)

Artikel Terkait