Santri Dipun Gladhi Olah Tetanen

Admin | Senin, 30 November 2015 17:51

Gunungkidul, www.jogjatv.tv–Ing jaman samangke, para mudha racakipun kirang greget olah tetanen pramila ingkang makarya dhateng sektor pertanian racakipun tiyang sepuh. Bab wau nuwuhaken raos prihatos tumrap sawetawis pehak, antawisipun Pondok Pesantren Al-Hikmah ingkang dumunung ing Karangmojo, Gunungkidul. Dinten Minggu (29/11) siyang, pondok pesantren kasebat ngepyakaken Lembaga Pengembangan Pertanian inggih papan kangge nggladhi para santri olah tetanen. Kangge wiwitaning kridha, para santri badhe dipun gladhi nanem maneka jinis sayuran dhateng kebon suwung gadhahanipun pondok pesantren. Kepyakan Lembaga Pertanian dipun rawuhi dening Dinas Kehutanan Dan Perkebunan DIY, ingkang salebeting kalodhangan kasebat suka seserepan cara olah tetanen ngginakaken media tanam. Tuwuh raos prihatos jalaran samangke Indonesia wiwit ngimpor bahan pangan saking ngamanca.

Pangarsa Pondok Pesantren Al Hikmah, Harun Al Rosyid yektinipun sampun dangu gadhah gagasan ndhapuk Lembaga Pengembangan Pertanian jalaran kadereng raos prihatos ningali generasi mudha jaman samangke kirang greget olah tetanen. Lembaga kasebat kaajab ngrembaka dene asil panenipun saged kangge nyekapi kabetahan masyarakat Gunungkidul. Salebeting kalodhangan kasebat, pehak ponpes ugi suka bantuwan paket sembako lan bibit taneman dhateng warga sakiwa tengen pondok. (Anjar Ardityo)

Artikel Terkait

Dokter Lampu Difabel

30 November 2015 17:48

Pembangunan Berwawasan Kependudukan

28 November 2015 14:12