Regi Sembako Mindhak

Admin | Rabu, 23 Desember 2015 19:17

Klaten, www.jogjatv.tv Dungkap natal lan warsa enggal, regi kabetahan baku lan sayuran ing peken induk Klaten, Jawa Tengah,mindhak. Regi sayuran mindhak antawis Rp 2.000,00 ngantos Rp 5.000,00 saben kilo dene lombok ingkang sakawit reginipun antawis Rp 13.000,00-

Rp 15.000,00,mindhak dados Rp 32.000,00 saben kilo. Brambang ingkang sakawit reginipun RP18.000,00 mindhak dados Rp 32.000,00 saben kilo. Sinaosa makaten regi uwos, gendhis pasir, lisah gorenglan tigan mindhak sekedhik. Regi kabetahan baku mindhak wiwit tumapak wulan Desember, kapengker jalaran ing mangsa rendheng pasokan saking distributor randhat.

Kajawi ing peken tradisional Klaten, dungkap natal lan warsa enggal samangke, regi sembako lan bumbon ing peken tradisional tlatah Solo , ugi mindhak.Regi brambang samangke nggayuh Rp 30.000,00 saben kilo, dene regi bawang Rp 25.000,00 saben kilo. Ebi ingkang sakawit reginipun Rp 65.000,00 mindhak dados Rp 70.000,00 saben kilo. Tigan ingkang sakawit reginipun Rp 17.000,00 mindhak dados Rp 20.000,00 saben kilo.

Regi lombok rawit ugi mindhak jalaran kaperbawan kawontenan cuaca lan kabetahan masyarakat ingkang tikel, dungkap natal lan warsa enggal samangke.

Mindhakipun regi kabetahan baku lan bumbon, njalari daya beli masyarakat mandhap. Awit saking punika, pemerintah kaajab tumuli nggumathokaken regi, kangge ngenteng-entengi sesangganing warga. ( Tim Liputan )

Artikel Terkait

Peragaan Busana, Pengetan Hari Ibu

23 Desember 2015 19:16

Pengamanan Natal

23 Desember 2015 19:15

Panen Pantun Teknologi Tajarwo

23 Desember 2015 19:14