Paket Natal Sembako Mirah Kangge Pegawai Pemkot

Admin | Rabu, 23 Desember 2015 19:13

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv Pemerintah Kota Yogyakarta tembayatan kaliyan Taspen suka paket natal wujud sembako mirah kangge kalangan pegawai golongan I lan II sarta tenaga honorer. Paket natal sembako mirah dipun gelar dhateng plataran Balekota Yogyakarta dinten Rebo (23/12) siyang. Salebeting kridha ingkang saweg sepisanan dipun adani kasebat kacawisaken paket sembako pengaos Rp 100.000,00 lan cekap dipun tebus Rp 50.000,00 kemawon ancasipun kangge ngentheng-enthengi sesangganipun pegawai golongan I lan II sarta tenaga honorer, awit samangke regi sembako saya mindhak awis.

Miturut Kepala Bagian Humas dan Informasi Kota Yogyakarta, Tri Hastana ,500 paket sembako mirah kasebat namung kangge pegawai ingkang kawawas mbetahaken dene data panampi dipun usulaken saking saben bebadan. (Hari Atamaja)

Artikel Terkait

Sistem Transportasi Terintegrasi

23 Desember 2015 19:11

Gegana Brimob Sisir Gereja

23 Desember 2015 19:08