Peragaan Busana, Pengetan Hari Ibu

Admin | Rabu, 23 Desember 2015 19:16

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Kangge mengeti Hari Ibu , tanggal 22 Desember, puluhan perangkat desa ing Kabupaten Gunungkidul, tumut lomba peragaan busana batik, mligi kangge para ibu. Wonten 28 ibu perangkat desa saking 14 desa sa Kecamatan Wonosari, Kabupaten Gunungkidul, ingkang tumut lomba peragaan busana batik ing Aula Kecamatan Wonosari. Miturut panitia, Bambang Setiawan,lomba peragaan busana kaperang dados 3 kategori, busana batik resmi lan busana batik santai sarta peragaan busana jawi tumrap priya. Lomba kasebat inggih salah satunggaling kupiya kangge nglestantunaken batik amrih grengsenging industri batik lokal Gunungkidul sarta kangge nepangaken batik Gunungkidul dhateng masyarakat. (Anjar Ardityo)

Artikel Terkait

Pengamanan Natal

23 Desember 2015 19:15

Panen Pantun Teknologi Tajarwo

23 Desember 2015 19:14