Pokdarwis Suka Bantuwan Dhateng Lare Yatim

Admin | Kamis, 24 Maret 2016 19:00

Gunungkidul, www.jogjatv.tv Kuncaraning papan wisata ing Kabupaten Gunungkidul, bebatheni tumrap masyarakat lan kelompok sadar wisata antawisipun Obyek Wisata Susur Goa Pindul, ingkang tansah regeng dening wisatawan lan ndayani omset pokdarwis mindhak. Dening pokdarwis pamedal kasebat dipun cakaken kangge ngupakawis piranti lan epah karyawan dene ingjkang saperangan dipun sisihaken kangge biyantu lare yatim. Gelaran Indah, salah satunggaling pokdarwis ingkang dumunung ing Dhusun Gelaran, Bejiharjo, Karangmojo Gunungkidul ndhapuk pokdarwis kangge ndayakaken masyarakat dene asilipun ugi kangge masyarakat. Awit saking punika kangge mengeti ambal warsanipun ingkang kaping 2,Kelompok Sadar Wisata Gelaran Indah Goa Pindul suka bantuwan arta dhateng atusan lare yatim, salebeting pengaosan.

Ketua Pokdarwis Gelaran Indah, sugito mratelakaken, madegipun Pokdarwis Gelaran Indah saged ngindakaken karaharjan masyarakat awit dipun sukani kalodhangan ngladosi wisatawan ingkang badhe mlebet goa, antawisipun dados juru parkir lan njagi pekiwan.

 

(Anjar Ardityo)

Artikel Terkait