Petani Mendheti Tela Ingkang Kurugan Lendhut

Admin | Kamis, 24 Maret 2016 18:59

Boyolali, www.jogjatv.tv Tumempuhing bena, dinten Minggu (20/3) kapengker, tetela ugi ngembengi laladan pasabinan ing tlatah Boyolali lan Magelang, Jawa Tengah. Para petani ingkang sabinipun katrajang bena, mendheti tela ingkang kurugan lendhut. Sakawit pasabinan kasebat, dipun tanemi tela pohung, tomat lan lombok. 21 kothak sabin gadhahanipun petani ing wewengkon kasebat kurugan lendhut. Awit saking punika sawetawis petani ing Desa Jrakah, Kecamatan Selo, Boyolali, Jawa Tengah ingkang dados korban bena ladhu saking redi Merbabu nandhang kapitunan welasan yuta rupiah.

Kajawi punika tumempuhing bena njalari 2 kreteg ing tapel wates Magelang lan Boyolali, pedhot.

 

(Haryadi)

Artikel Terkait