Petani Kota Panen Raya Padi Varietas Ciherang

Admin | Jumat, 11 Maret 2016 18:26

Yogyakarta, www.jogjatv.tv kadang tani ing Kota Yogyakarta panen raya pantun varietas unggul Ciherang dhateng pasabinan Kampung Wirosaban, Sorosutan, Umbulharjo, Kota Yogyakarta, Dinten Kemis (10/3). Panen raya kasebat kawiwitan dening Walikota Yogyakarta Haryadi Suyuti sesarengan kaliyan Dandim 0734 Yogyakarta lan Dinas Pertanian DIY. Petani ing Kampung Wirosaban punika saben taunipun tansah nanem pantun, sinaosa samangke pasitenipun sampun kadheseg wewangunan lan griyaning warga. Ketua Gapoktan Ngudi Rukun Wirosaban, Sunarjo, mratelakaken, pepalang ingkang dipun adhepi dening para petani ng perkotaan samangke boten namung saya winatesipun pasiten kemawon, nanging ugi kangelan pados berah tani, awit samangke para berah tani racak inggih saking kalanganing tiyang sepuh. Dene babagan irigasi kapetang rancag, satemah sinaosa ketiga panjang tetep saged panen pantun setaun kaping tiga. Asil panen samangke kapetang maremaken, inggih punika 8,7 ton ing saben hektaripun. Dene lampahing panen boten saged dipun tindakaken sesarengan, awit sawetawis pasabinan tanemanipun risak lan rebah awit katrajang jawah deres sawetawis wekdal kapengker.

Walikota Yogyakarta Haryadi Suyuti ingkang salabeting kalodhangan kasebat ugi ngepyakaken papan selepan gabah, mratelakaken bilih Pemerintah Kota Yogyakarta ngantos samangke tetep badhe nggegegi pasabinan ing Kota Yogyakarta ingkang sakawit wiyaripun 3250 hektar samangke kantun 56 hektar kemawon. Wondene ing Kota Yogyakarta namung wonten 5 Kecamatan ingkang taksih produktif kangge pertanian watawis 29 hektar. Awit saking punika kangge pertanian ing Kota Yogyakarta badhe langkung dipun jurung supados nengenaken mutu asil panen. Haryadi ugi ngajab Dinas Pertanian Kota langkung tumemen anggenipun suka penyuluhan kangge nggrengsengaken masyarakat supados remen olah tetanen. ( Hari Atmaja )

Artikel Terkait