Panen Raya Dados Atraksi Budaya

Admin | Jumat, 11 Maret 2016 18:21

Yogyakarta, www.jogjatv.tv Panen raya pertanian ing wewengkon Kota Yogyakarta kaajab saged narik wisatawan. Supados kridha pertanian kasebat saged dados atraksi budaya ingkang edi, Walikota Yogyakarta Haryadi Suyuti ngajab masyarakat saged manunggalaken tigang unsur nyakup ekonomi, budaya lan religi.

Walikota Yogyakarta Haryadi Suyuti suka pangalembana lan panjurung dhateng kridhanipun para kadang tani ing wewengkon Kampung Wirosaban, Sorosutan, Kota Yogyakarta, ingkang kasembadan nindakaken panen raya, Dinten Kemis (10/3). Haryadi ngajab, supados kridha punika ing tembenipun dipun tata dados atraksi budaya ingkang saged narik wisatawan, satemah panen raya kados makaten saged dados wimbuhing kaskaya atraksi budaya ing Kota Yogyakarta. Tansaya Kota Yogyakarta inggih papan jujugan wisata sasampunipun pulo bali. Dene supados kasembadan, pramila kedah saged manunggalaken tigang unsur, inggih punika ekonomi, budaya lan religi. ( Hari Atmaja )

Artikel Terkait