Perajin Shuttlecock Kangelan Tenaga Karya

Admin | Jumat, 11 Maret 2016 18:22

Klaten, www.jogjatv.tv Industri kerajinan shuttlecock dhateng Desa Majekan Kecamatan Tulung Klaten, samangke namung kantun sawetawis kemawon. Sinaosa makaten para perajin nelakaken menawi kuwalahan nyekapi welingan saking maneka kitha, awit winatesipun tenaga karya.

Perajin shuttlecock, Prapto Wiyono mtratelakaken, samangke perajin kok namung kantun tiyang gangsal, kamangka sakawit wonten kalihdasa perajin. Prapto Wiyono piyambak sampun nekuni pakaryan punika wiwit taun 1972 kanthi cara manual, kangge nyekapi kabetahan kulawarganipun kanthi yoga cacah enem ingkang samangke sampun sami mandhiri. Saben dintenipun prapto wiyono saged produksi kok ngantos sedasa slop. Dene regi panyadenipun antawis gangsal welas ewu ngantos tigangdasa ewu rupiyah saben slop gumantung mutunipun. Padatanipun, kok damelanipun Prapto Wiyono dipun kintun dhateng Bandung, Ngayogyakarta sarta Klaten. Perajin samangke racak nemahi pepalang bahan baku wulu ayam, penthol ‘shuttlecock’ lan tenaga karya. Samangke pados tenaga karya ingkang prigel damel kok sampun sakalangkung angel, dene wulu ayam ing wanci rendheng samangke ugi angel anggenipun pados.

Cara damel cock kawiwitan kanthi ngresiki lan nggatra wulu ayam ingkang salajengipun dipun kumbah lan dipun pepe. Wulu dipun pilih laras kaliyan mutunipun, dipun lempeng kanthi cara dipun panasi. Wulu ingkang sampun lurus nuli dipun pasang dhateng bogem, dipun stel lan dipun tangsuli. Sasampunipun dipun tangsuli kok lajeng dipun lem lan kaparingan merek, nuli dipun pak. Sinaosa cara damelipun manual nanging tetela mutunipun boten kawon kaliyan damelan pabrikan.

( Purwanto )

Artikel Terkait