Lomba Egrang Bathok, Pengetan Hari Guru

Admin | Rabu, 25 November 2015 19:42

Bantul , www.jogjatv.tv Pengetan Hari Guru Nasional dipun pengeti kanthi suka parisuka. Awit saking punika dhateng saben sekolah dipun adani pengetan Hari Guru. Salah satunggaling Sekolah Dasar ing Bantul mengeti Hari Guru kanthi cara ingkang nyleneh.

Sasampunipun tumut upacara pengetan Hari Guru Nasional taun 2015, atusan siswa Sekolah Dasar Islam Terpadu Ar Raihan Bantul , tumut kridha nyleneh, ngubengi sekolahan ngginakaken egrang bathok utawi thuprok . Thuprok inggih salah satunggaling dolanan tradisional ingkang samangke wiwit kakiwakaken. Thuprok kadamel saking bathok, ingkang perangan tengahipun dipun bolong, lan dipun tangsuli. Cara ngginakaken thuprok kanthi dipun japit ngangge driji suku, dene tangsulipun dipun cepengi.

Kepala SDIT Arraihan Bantul , Tri Atmoko mratelakaken, pehak sekolahan sengaja ngadani pengetan Hari Guru kanthi cara ingkang beda, ancasipun kangge nepangaken wewengkon sakiwa tengen sekolah dhateng siswa sarta kangge nepangaken dolanan tradisional dhateng siswa awit dolanan tradisional yektinipun ngemot piwucal ingkang luhur.

Miturut rantaman SDIT Ar Raihan Bantul ugi badhe mbangun ruangan mligi kangge dolanan tradisional dene para siswa ugi badhe ajeg dipun tepangaken dhateng dolanan tradisional supados pana dhateng pigunanipun. ( Anang Zainuddin )

Artikel Terkait

Kirab Budaya Boyongan

25 November 2015 19:41

WIGATINIPUN PENANGKARAN SATWA LANGKA

24 November 2015 19:04

PANTUN ENGGAL VARIETAS DiAH SUCI

24 November 2015 19:02